BAB I
PAMBUKA
A. Wigatosing Rembag
Adat tradisi jawa
samenika sampun kalestarekaken dhateng masyarakat, salah satunggaling inggih menika
upacara adat mantu. Para tiyang sepuh ingkang nggadhahi putra-putri kang sampun
siap ameh-amehan kedah mangertosi lan migunakake rerakaning cak-cakaning
tatacara adat ingkang sampun kasusun dening budaya.
Mila saking menika,
ing makalah punika kita badhe jlentrehaken menapa kemawon ingkang kedhah
dimangertosi wonten ing upacara adat mantu punika.
B. Kakajen Ingkang Dipun Rembag
1. Punapa tegesipun upacara adat
mantu punika?
2. Punapa kemawon rerangkening
tatacara adat jawa saderengipun mantu?
3. Punapa kemawon cak-cakaning tata
cara wonten ing adat mantu menika?
C. Manfaat Panulisan
1. Mangertosi tegesipun upacara adat
mantu
2. Mangertosi rerangkening tatacara
adat jawa saderengipun mantu.
3. Mangertosi cak-cakaning tatacara
wonten ing adat mantu.
BAB II
WOSING PIREMBAGAN
A. Upacara Adat Mantu
Mantu dipuntegesi kagungan damel ngemah-emahaken putra
putrinipun ingkang sampun diwasa. Dipunarani ngemah-emahaken amargi
nyawijekaken putrinipun (prawan) kaliyan jejaka, lajeng manggen wonten ing
satunggaling panggenan/tunggal griya lan gesang sesarengan ing madyaning
bebrayan. Manunggaling prawan lan jejaka wonten ing bebrayan saged mawohaken
kabagyan, kamulyan lan putra ingkang bakal nerusaken keturunanipun.
Miturut tata cara adat jawa, saderengipun mantu, dipunwiwiti rerangkening tata cara, inggih menika :
Miturut tata cara adat jawa, saderengipun mantu, dipunwiwiti rerangkening tata cara, inggih menika :
a. Lamaran
Lamaran menika rerangkening tata cara nalika tiyang
sepuhipun jejaka sowan ing dalemipun tiyang sepuh ingkang putri ingkang
dipuntuju dados jodhonipun. Ingkang badhe bebesanan rembagan bab sesambetan
tresna para putranipun dipunsekseni kulawarga lan sanak sedherek.
b. Paningset lan lambang
kalpika (tukar cincin)
Menawi lamaran sampun dipuntampi, lajeng
calon besan nemtokaken wekdal kangge tata upacara paningsetan kanthi lambang
kalpika, limrahipun ugi dipunkantheni piranti sanesipun kados dene arta,
ageman, mas-masan, jajanan (jadah, wajik, jenang, roti), woh-wohan, urip-urip
(ayam, bebek, banyak, lsp). Sedaya wau minangka lambang lan wujud tanggel jawab
ingkang bakal dipuntindakaken calon penganten kakung dhumateng calon garwane
lan kulawarganipun, kedah nyekapi sandhang pangan lan ubarampe kangge
penguripanipun. Sasampunipun tata upacara lamaran lajeng dipuntindakaken tata
cara upacara mantu.
1. Pasang tarub
Tarub kerata
basanipun ditata supados katingal murub. Maknanipun menawi badhe nampi tamu
limrahipun nata panggenan supados katinggal becik, dipunparingi rerenggan supados
endah lumrahipun dipunrenggani janur kuning (janur = sejane nur / cahya).
2. Buwangan
Ingkang
dipunbucal inggih menika takir isi kacang-kacangan, bumbon, rajangan daging,
arta receh. Sedaya wau minangka lambang mbucal sedayaning sukerta lan pepalang
supados pakaryan ingkang dipuntindakaken mboten wonten alangan.
3. Pasang tuwuhan
Tuwuhan tegesipun maneka warni taneman ingkang dipuntata ing tarub, wujudipun, pisang suluh setundhun, cengkir gadhing, tebu, ron (kluwih, alang-alang, ringin), pantun sawuli, lsp. Maknanipun supados temanten saged nuwuhaken gesang mulya, dados tuladhaning kulawarga.
Tuwuhan tegesipun maneka warni taneman ingkang dipuntata ing tarub, wujudipun, pisang suluh setundhun, cengkir gadhing, tebu, ron (kluwih, alang-alang, ringin), pantun sawuli, lsp. Maknanipun supados temanten saged nuwuhaken gesang mulya, dados tuladhaning kulawarga.
4.
Siraman
Siraman dipuntindakaken sedinten sederengipun upacara dhaup (nikah), maknanipun calon penganten resik lair lan batinipun, dipuntindakaken sesepuhing penganten.
Siraman dipuntindakaken sedinten sederengipun upacara dhaup (nikah), maknanipun calon penganten resik lair lan batinipun, dipuntindakaken sesepuhing penganten.
5.
Midodareni
Midodareni asalipun saking tembung widadari, maknanipun supados calon penganten endahing warna kaya widadari, saderengipun upacara nikah. Sasampunipun tata cara menika katindakaken lajeng dipuntindakaken upacara dhaup (ijab) dipunlajengaken upacara pawiwahan (ijab lan upacara panggih), pahargyan (pesta/resepsi).
Midodareni asalipun saking tembung widadari, maknanipun supados calon penganten endahing warna kaya widadari, saderengipun upacara nikah. Sasampunipun tata cara menika katindakaken lajeng dipuntindakaken upacara dhaup (ijab) dipunlajengaken upacara pawiwahan (ijab lan upacara panggih), pahargyan (pesta/resepsi).
B.
Tata Cara Adat Mantu
1. Pambyawara Murwakanthi Lampahing Tatacara
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nugraha miwah sih rohmating Gusti Ingkang Maha Kuwaos, mugi-mugi
tansah nunggil ing jiwangga bapak guru saha sagunging para siswa.
Bapak guru Basa Jawi ingkang winengku ing karahayon, para kadang
mahasiswa ingkang kula tersnani. Kula minangka pambyawara kepareng murakani
tatacara gladhen micara ing dinten menika. Kepareng kla tepangan rumiyin, nami
kula Bp. Sularman minangka pambyawara utawi pranatacara. Dene urut saking
ngriki menika Bp. Suhadi minangka utusan handhodhog kori, lajeng Bp. Sukarman
menika minangkautusan ingkang badhe paring wangsulan pandhodhoging kori. Kadang
kula Bp. Ruwanto menika minangka utusan pihak jaler micara ing adat lamaran.
Salejengipun menika kadang kula Bp. Suwanto utusan pihak estri ingkang badhe
paring wangsulan nampi lamaran. Lajeng kadang kula ingkang menika naminipun Bp.
Sutopo ingkang badhe masrahaken manten kakung.Wonten dene ingkang menika
naminipun Bp. Suroso ingkang badhe wangsulan utawi nampi pasrah manten kakung.
Lajeng menika naminipun Bp. Suharto ingkang badhe atur pambegeharja wakilipun
ingkang kagungan kersa mantu. Dene ingkang pungkasan menika kadang kula nami
Bp. Sutaji ingkang badhe atur wursita wara. Kepareng kula maosaken
rerantamaning tatacara kegiatan gladhen ing kelas dinten menika dinten Rabu
suya kaping 7 Desember warsa 2011.
Tatacara kapisan, inggih menika gladhen atur salebeting adicara
pandhodhoging kori.
Kaping kalih, inggih menika atur wangsulan saking pihak estri
tumrap pangandikan kapisan.
Kaping tiga, inggih menika atur pangandikan pasrah lamaran saking
pihak jaler.
Kaping sekawan, inggih menika atur pangandikan nampi lamaran saking
pihak estri.
Kaping gangsal, inggih menika atur pangandikan masrahaken calon
panganten kakung.
Kaping nem, inggih menika atur pangandikan nampi alon penganten
kakung saking pihak jaler.
Kaping pitu, inggih menika atur pambegaharja saking wakil ingkang
kagungan kersa.
Lajeng ingkang pungkasan mangke, inggih menika wursita wara utawi
ular-ular.
Makaten menggah rerantamaning tatacara gladhen micara ing tatacara
manten adat jawi. Bapa guru kasuwun pangestunipun mugi-mugi tatacara gladhen
purwa, madya, lan wasana, saged lumampah kanthi rahayu nir ing sambekala.
Nuwun. Wassalamualaikum. Wr. Wb.
2. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe
wangsulan pandhodhoging kori
Sampun dumugi mangsakala wayahing siswa kapisan gladhen micara ing
adicara adat dhodhog kori. Sumangga kadang kula Bp. Suhadi kula dherekaken
nindakaken jejibahan menika. Sumangga !
3. Micara dhodhog kori
Kula nuwun ! Assalamualaikum. Wr. Wb.
Awit keparengipun Gusti ingkang murbeng dumadi kula kinanthi dening
Bapaksaha Ibu Susilo inggih tiyang sepuhipun Mas Susanto dinten menika saged
sowan kanthi slamet wilujeng. Kanthi manah ingkang syukur, keparenga kula matur
ing ngarsanipun Bapak Sunetra sarimbit, sepisan kula sakulawarga ngaturaken
salam rahayu wilujeng mugi katur dhumateng
kulawarga Bapak Sunetra. Ndherek nepangaken kula pun Bp. Suhadi, saking
Dhusun Puri, Kecamatan Pati, Kabupaten Pati. Sanesipun kula, ingkang dherek
sowan menika Bapak saha Ibu Susilo. Inggih menika semah kula.
Dene sedyaning manah ingkang sepisan inggih menika silaturahmi
amemayu kekadangan lan pasedherekan. Kaping kalih mugi mboten damel rengating
penggalihipun Bapak saha Ibu kepaeng nyuwun priksa menapa leres kagungan putra
estri naminipun Susanti. Kaping tiga, Bapak Susilo sekaliyan kagungan putra
jaler naminipun Susanto. Lare menika sampun diwasa kepengin saged gadhah mitra
geganthilaning manah ing gesangipun. Blaka suta kemawon bilih igkang dipuntuju
menika putra estri panjenengan. Jumbuh kaliyan kawontenan, anak mas Susanto
lajeng mothah nggubel dhumateng bapak saha ibunipun supados nyuwun priksa
sekinten nak ajeng Susanti menika sampun menapa dereng wonten ingkang badhe
mengkoni. Menawi sekinten saged, kula ingkang tinanggenah mnangka talanging
atur dinten menika mugi Bapak Sunetra sarimbit kersa paring wangsulan ing bab
pitakenan kala wau. Sawatawis makaten, dene dipunrembag mirunngan.
Ing wasana cekap hambok bilih wonten kirang leres ing basa saha
sastra, tuwin tumindak ingkang kirang tatakrama kula nyuwun sih samodra
pangaksama. Bilahi taufik wal hidayah, wassalamualaikum. Wr. Wb.
4. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe
wangsulan pandhodhoging kori saking pihak estri
Makaten pangandikan saking utusan pandhdhog kori. Salajengipun
saking pihak estri badhe paring wangsulan. Ing wekdal kalenggehan menika atur
wangsulan badhe katindakaken dening kadang kula Bp. Sukarman. Sumangga kula
dherekaken.
5. Micara Atur Wangsulan Pandhodhoging Kori
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwu sewu kula ingkang badhe matur. Karahayon tuwin kabagaswarasan
sinartan penggalih ingkang suka bagya mugi-mugi tansah kajiwa raga dhumateng
panjenengan lan kula ing dinten menika. Mangga ngunjukaken raos syukur ing
ngarsanipun Gusti ingkang Akarya jagad.
Kula nepangaken nami kula pun Bp. Sukarman, dene ingkang menika
Bapak Sunetra saha ibu. Ingkang menika Bapak Anuraga sekaliyan ibu kaprenah
bapa pamanipn gendhuk Susanti. Kula kautus dening Bapak Sunetra supados dados
talanging atur. Kepareng matur sepisan ngaturi panjenengan sedaya sugeng rawuh,
saha sungeng lenggah, ing dalemipun Bapak Sunetra wonten Dhusun Tayu, Kecamatan
Tayu, Kabupaten Pati. Menggah salam rahayu wilujeng saking kulawarga Bapak
Susilo sampun kula tampi lan kosok wangsulipun.
Panjenenganipun Bapak Susilo sekaliyan lumantar Bapak Suhadi.
Kalawau sampun medhar wosing penggalih sedyaning pisowanan menika. Kila ing
ngriki kautus dening Bapak Sunetra supados matur ngaturi wangsulan dhateng
panndhangon panjenengan.
Ingkang kapisan, mila leres Bapak Sunetra kagungan putra estri
naminipun Susanti, menika putra angka kalih utawi wuragil awit Bapak Sunetra sekaliyan namung kagungan putra kalih
ingkang mbajeng sampun emah-emah.
Pandangon panenengan ingkang angka kalih nuju dhateng pepoyaning
kautamen,pramila anggen kula mangsuli kedah sayektos adhedhasar kasunyatan lan
penggalihipun ingkang badhe anglampahi. Kula lan panjenengan menika nut lakune
jaman. Samangke sesambetan lare enem bebten kaliyan kala rumiyin. Pramila ing
wekdal menika, kula ngaturi uninga bilih miturut katrangan saking gendhuk
Susanti ingkang sampun matur dhumateng rama saha ibunipun ilih piyambakipun
sampun gadhah pasangan. Dene pasangan ingkang dipunkajengaken inggih menika
namung setunggal naminipun Susanto saking Dhusun Puri, Pati. Dados sampun cetha
trawaca bilih Bapak Sunetra saha Ibu sarta menika putra Bapak Susilo sekaliyan.
Kanthi mekaten, pandangon panjenengan sanpun kula wangsuli kanthi cetha.
Kados namung menika ingkang saged kula aturaken dhumateng
panjenengan. Sumangga kula aturi lenggah ingkang sekeca angresepi pasugatan
ingkang sarwa prasaja. Dene menawi wonten tumpangsuhipun atur, ugi patrap
ingkang kirang sae kula saha kulawarga Bapak Sunetra namung nyadhong
lumunturing sih pangapunten. Bapak Sunetra sakulawarga ngaturaken matur nuwun
sanget rawuhipun,mugi-mugi benjang saged dados sedherek ingkang rukun, caket,
saha raket. Amin. Bilahi taufik wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
6. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur
pasrah lamaran saking pihak calon penganten kakung.
Para kadang sedaya ing wekdal kalenggahan menika atur panglamar
badhe katindakaken dening kadang kula Bp. Ruwanto. Sumangga kula dherekaken.
7. Micara Atur Pasrah Lamaran
Assalamualaikum Wr.Wb
Kanthi rinengga sagunging pakurmatan. Kula sapangiring ngaturaken
puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang welas Asih. Jalaran ngantos dumugi
titi wanci menika kula lan panjenengan pinaringan suka basuki tentrem rahayu
nirbaya nirwikara. Kawontenan makaten mugi waradin sagung bebrayan agung wonten
negari nuswantara.
Kepareng ngaturaken salam wilujeng dhumateng Bapak Sunetra
sakulawarga. Kawuninganana bilih anggen kula sowan ing ngriki kadherekaken para
pangombyong semanten kathahipun sedaya saking Dhusun Puri, Pati. Sowan kula
kajawi silaturahmi tuwi kawilujengan kulawarga Bapak Sunetra wonten Dhusun
Tayu, ugi ngemu wigatos sanesipun. Wosing pisowanan kula sapangombyong menika
ngaturaken saha nglantaraken sedyanipun Bapak Sunetra jumbuh kaliyan ingkang
putra kakungipun nak mas Susanto tumuju dhateng nakajeng Susanti. Awit golong
gilig saha gelengipun manah nakmas Susanto ingkang badhe mengku nak ajeng
Susanti minangka garwa amangun bale wisma.
Minangka jangkeping adat lupiya panglamar, Bapak Sunetra ngaturaken
uba rampenipun panglamar. Nitik saking wujud lan kawontenan abon-abon menika
reginipun mboten sepintena ananging menika lambangipun paningset, mugi sageda
katampi kanthi suka rena penggalih,kanthi panyuwunan ugi sageda anggenipun niat
badhe bebesanan kasembadan kanthi wilujeng nirbaya nir ing sambekala. Amiin.
Pungkasaning atur, gegayutan kaliyan rantaman titi wanci saha titi
ari badhe tumapaking gati akdun nikah penganten, ngantos wekdal pahargyan
sumangga sakersanipun Bapak Sunetra sarimbit. Ewa semanten kakinten ngersakaken
bebantu iguh pratikel, kula sakaluwarga sumadya caos pambiyantu
sasaged-sagedipun.
Ing was an kula ngaturaken agengipun panuwun dene kula sapandherek
katampi anggen kula sowan kanthi kebak pakurmatan. Dene mbok bilih anggen kula
matur kirang leres ing basa tuwin sastra, saha anggen kula sowan kirang ing
subasita kula namung anglenggana nyuwun samodra pangaksama. Wabilahi taufik wal
hidayah.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
8. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur
panampi lamaran saking pihak calon panganten putrid
Makaten menggah atur pasrah lamaran sampun paripurna. Salajengipun
wekdal sacekapipun kangge atur pangandikan nampi lamaran ingkang badhe
katindakaken dening kadang kula Bp. Suwanto. Sumangga kula dherekaken.
9. Micara Nampi Pasrah Lamaran
Nuwun. Assalamualiakum Wr.Wb.
Sumandhing suka rena sinandhing bagya mulya. Ing titi wanci
kalenggahan menika kulawarga brayat ageng saking Bapak Sunetra ingkang
dalemipun Dhusun Tayu, Kecamatan Tayu, Kabupaten Pati. Saged srawung kaliyan
kulawarga ageng brayat Bapak Susilo bsaking Dhusun Puri, Pati. Pramila sumangga
ngaturaken puji syukur mring Gusti kang akarya jagad.
Kula ingkang tinaggenah minangka traju wacana matur nuwun atur
salam wilujengipun saking Bapak Susilo kosok wangsulipun makatena ugi salam
wilujeng saking Bapak Sunetra mugi katur dhumateng Bapak Susilo sakaluwarga.
Mireng saha nggatosaken sarta nampi paringipun pangandikan saking
Bapak Suwanto minangka sulih sariranipun Bapak Susilo kanthi cetha. Tiyang
sepuhipun nak ajeng Susanti inggih Bapak Sunetra sarimbit sampun atur
pasarujukan saged nampi panglamaripun nakmas Susanto. Sayektos sampun
dhumawahing kodrat angsal wirodat saking Gusti Ingkang Maha Rat. Nakmas Susanto
sajak sampun jodhonipun nak ajeng Susanti. Bapak Sunetra sekaliyan saged nampi
kanthi suka renaning penggalih kawontenan menika.
Salajengipun menggah rantaman wisudhan pala krama dalah pahargyan
panganten putra kekalih kanthi adat tatacara jawi, sumangga sami
dipunpenggalihaken sesarengan amrih saged regeng, lancar mboten wonten rubeda
menapa-menapa.
Kaados makaten menggah bebundhelaning penggalihipun Bapak Sunetra,
ingkang sampun kawedhar lumantar kula minangka talanging basa.
Mangga dipunsakecakaken anggenipun wawan rembag sinambi angresepi
pasugatan ingkang sarwa prasaja. Nyuwun pangapunten ingkang kathah bilih wonten
kirang sae anggenipun aruh-aruh, suguh, lungguh tuwin gupuh. Ing wasana cekap
semanten maturnuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
10. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur
masrahaken calon panganten kakung.
Makaten menggah atur pasrah lamaran sampun paripurna. Salajengipun
wekdal sakecanipun kangge atur masrahakaken calon panganten kakung. Adicara
menika badhe katindakaken dening kadang kula Bp. Sutopo. Sumangga kula
dherekaken.
11. Micara Masrahaken Panganten Kakung
Nuwun, Kulanuwun.
Assalamualaikum Wr.Wb.
Kanugrahan miwah sih wilasanipun Gusti ingkang Maha Tunggal,
mugi-mugi tansah sumandha ing jiwangga kita, waradin sagung dumadi, raharja, niskala,
satuhu.
Kula kepareng madhep awit tinimbalan kadang kula pambyawara kinen
ngayahi jejibahan masrahaken penganten kakung.
Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Ingkang Maha Tunggal, ingkang
sampun paring panuntun dhteng kula sapangiring panganten kakung saking Dhusun
Puri, Pati satemah saged sowan wonten papan mriki kanthi wilujeng, nir ing
sambekala.
Bapak Wijaya sekaliyan ingkang minulya. Para pinisepuh, sesepuh
saha para alim miwah para tamu sadaya ingkang kinurmatan.
Ingkang kapisan, kula ngaturaken kabar kabagyan, Bapak Susilo
sekaliyan nuwun inggih rama saha ibunipun panganten kakung ugi ngaturaken salam
kawilujengan katur Bapak Sunetra sekaliyan.
Kaping kalih sowan kula hanganthi panganten kakung anakmas Susanto
saklajengipun kula pasrahaken dhumateng Bapak Sunetra sakaluwarga lumantar
Bapak Harjuna Sastra sumangga anggenipun badhe hamiwaha. Kula sah Bapak
sakulawarga namung ndherek memuji, mugi-mugi pawiwahan menika saged lumampah
kanthi rancag, lancar kali sing rubeda.
Salajengipun waleh-waleh menapa, kula blaka suta, nglenggana, bilih
panganten kakung menika taksih cubluk utawi kirang seserepan ing bab ngelmu
gesang bebrayan, mila panyuwun kula dhateng Bapak Sunetra sakulawarga, para
pinisepuh, sesepuh ing mriki kersaa suka paring wewarah amrih gesangipun saged
manggih kamulyan.
Makaten atur kula. Mbok bilih sowan kula sapangiring wonten
klenta-klentunipun atur, ugi tandang tanduk ingkang damel kirang rena panggalih
kula nyuwun pangapunten. Nuwun. Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
12. Pranatacara paring wekdal ingkang atur nampi
pasrah saking calon panganten kakung.
Salajengipun wekdal sacekapipun kangge atur panampi pasrah calon
panganten kakung. Adicara menika badhe katindakaken dening kadang kula
Bp.Suroso. Sumangga kula dherekaken.
13. Micara Nampi Pasrah Penganten Kakung
Assalamualaikum Wr.Wb.
Sadaya puji konjuk ing ngarsanipun Allah ingkang Maha Tunggal,
nugraha miwah karahayon mugi-mugi tetepa kaluberaken dhumateng kulawarganipun,
sakabatipun, sarta tetiyang ingkang amestuti pitedahipun. Dene sasampunipun
menika Bapak Sunetra ingkang kinurmatan, Bapak Susilo sakulawarga sapangiring
panganten kakung ingkang minulya.
Kula minangka wakilipun Bapak Sunetra sekaliyan, keparenga matur
dhumateng Bapak Sutopo ingkang kalawau sampun kaparingaken dhateng kula saha
panjenengan, satemah saged pinanggih wonten papan mriki kanthi wilujeng nir
sambekala.
Raos bombong sarta suka ing manah kula sabrayat, dupi sumerep rawuh
panjenengan sapangiring hanganthi panganten kakung.
Menggah salam kawilujengan saking Bapak Susilo lumantar Bapak
Susilo lumantar Bapak Sutopo sampun kula tampi, kosok wangsulipun Bapak Sunetra
ugi ngaturaken salam kawilujenganipun dhateng Bapak Susilo sakulawarga.
Pasrah panganten tumrap panganten kakung sampun kula tampi,
saklajengipun badhe kawiwaha dhaup kanthi prasaja, inggih awit kawontenan
ingkang sarwa rupak. Ing babagan panggulawenthah putra panganten sekaliyan
sumangga kulawarga kekalih samad sinamadan suka piwulang amrih saged sae.
Bapak Sunetra sabrayat nyuwun idi pangestu lan ngaturi panjenengan
kersaa lenggah kanthi sakeca ngantos saparipurnaning pawiwahan. Kula minangka
talanging basa, mbok bilih anggen kula matur, saha nampi karawuhan panjenengan
sapangiring wonten kirang nuju karsa kula nyuwun agenging pangapunten. Cekap
semanten atur kula. Nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
14. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur
pambageharja
Salajengipun wekdal kangge kadang candhakipun ingkang badhe gladhen
micara sacekapipun kangge atur pambegeharja tamu. Adicara menika badhe katindakaken
dening kadang kula Bp. Suharto. Sumangga kula dherekaken.
15. Micara Panbageharja
Nuwun. Kula nuwun.
Assalamualaikum Wr.Wb.
Sadaya puja puji konjuk dhateng Gusti Ingkang Maha Murbeng dumadi
lan Gusti Ingkang Sarwa Sanggya Bawana. Dhumateng panjenenganipun kawula nyuwun
pitulungan tumrap sadaya prakawis agami saha donya. Dene sasampunipun menika.
Para pinisepuh, sesepuh, para alim, para tamu ingkang minulya. Kawilujengan,
karaharjan, tuwin katentreman mugi tansah kasarira panjenengan sadaya.
Keparenga kula sumela atur awit mundhi dhawuhipun Bapak Sunetra
sekaliyan, ingkang supados matur wonten ngarsa panjenengan. Namung
saderengipun, sumangga kula dherekaken ngunjukaken puji syukur dhateng
ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rohmat saengga kula
lan panjenengan sedaya saged pinanggih ing dalemipun Bapak Sunetra saperlu
paring idi pangestu dhateng akdun jaleripun Bapak Susilo ingkang mijil saking
dhusun Tayu mriki. Ijab qobul sampun kalampahan kanthi wilujeng, nirbaya nir
sambekala kalawau antawisipun jam 08.00 enjing.
Para tamu ingkang kinurmatan, Bapak Sunetra ngaturaken pambagya
wilujeng rawuhipun, boten kesupen Bapak Sunetra sekaliyan ngaturaken agungipun
panuwun/ matur nuwun ingkang tanpa pepindhan, awit sadaya pambiyantu panjenengan
saha para kadang sentana lan mitra, tanggi tepalih ingkang awujud menapa
kemawon saengga pawiwahan mantu ing dinten menika lumampah kanthi rancag,
regeng, lan boten wonten rubeda.
Bapak Sunetra sekaliyan boten saged atur keliru sih kadarman panjenengan
kalawau, namung saged memuji mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados amal lan
pikantuk liru saking Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih. Amin.
Para tamu kakung saha putri,
Sinaosa anggenipun kagungan kersa manton menika sampun dangu
anggenipun ngrancang sah ngracik, ewa semanten taksih kathah kekiranganipun.
Wiwit ngaturi serat sedhahan ngantos anggenipun nampi karawuhan panjenengan ing
dinten menika ing babagan aruh, suguh, gupuh, lan lungguh menawi wonten kirang
damel rena penggalih Bapak Sunetra sekaliyan nyuwun pangapunten
sakathah-kathahipun.
Salajengipun panjenengan sedaya kersaa mrayogakaken anggenipun
lenggah ngantos paripurnaning pawiwahan ing dinten menika. Kula pribadi
mbokbilih anggen kula matur wonten kirang leres ing reh paramasastra miwah
micara, subasita miwah tatakrama kula nyuwun lumunturing sih pangaksama.
Panjenengan kula aturi mrayogekaken anggenipun lenggah ngantos
paripurnaning pawiwahan ing dinten menika. Nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
16. Pranatacara paring wekdal siswa ingkang badhe
atur ular-ular utawi wursita wara
“Makaten gladhen atur pambageharja sampun katindakaken kanthi tata,
titi, tatas, lan titis.
Para kadang siswa ingkang kula tresnani,
“Salajengipun wekdal sacekapipun kangge atur wursitawara. Adicara
menika badhe katindakaken dening kadang kula bapak Sutaji. Sumangga kula
dherekaken.”
17. Micara Atur Wursitawara
Nuwun,
Assalamu’alaikum Wr.Wb
Sadaya puji sembah miwah puji kagunganipun Gusti Allah ingkang
nguwaosi arsy ingkang agung. Kanugrahan saha karahayon mugi-mugi sanityasa
kaluberna/kaparingna dhumateng utusanipun ingkang mulya, inggih menika
tetunggul miwah pangayom kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang sumanak
sumandherek tuwin tresna asih, sarta dhumateng kulawarga dalah
sekabat-sekabatipun inggih menika para-para ingkang masrahaken jiwa/nyawa tuwin
kadonyan/brana artanipun namung mligi konjuk Gusti Allah Ingkang Agung.
Para sesepuh, miwah pinisepuh, bapak-bapak saha ibu-ibu para tamu
sadaya ingkang kinurmatan, mligi katur anak kula penganten sekaliyan ingkang nembe
kawisudha minangka calon Bapak, calon Ibu ingkang kula tresnani. Katur sedherek
kula panatacara kula matur nuwun dipunparingi wekdal kangge mbabar sabda mulya
utawi wursitawara, utawi sabdatama utawi ular-ular. Wursitawara menika kula
aturaken dhateng anak kula penganten sekaliyan kangge sanguning gesang
brebayan. Dene penganten kawak midhangetaken menapa ingkang badhe kula aturaken
inggih boten wonten awonipun. Ananging salugunipun kemawon kula menika dereng
mandhita awit ngelmu kula menika namung sakedhik. Sanajan kados makaten kula
tinuding kapiji Bapak Wijaya saha besan saperlu atur sabdatama.
Anakku penganten sekaliyan sira sakloron saiki wis mengku balewisma
utawa wis omah-omah najan during duwe omah ning jenenge wis omah-omah kuwi beda
karo nalikane sira isih padha ijen-ijen. Suami kudu bisa angayani, angayomi,
lan angayemi garwane. Momot, mengku, lan mimpin, sarta iklasing ati nampa kabeh
kekurangane garwa. Nek luput kudu disepura. Semono uga istri, kuwi sandhangane
kakung. Kepriye eguh pratikele saengga istri nek ditinggal ing ngomah dhewe ora
wedi ya ora medeni lan ora nguwatiri, nek dijak bareng karo sing kakung ora
ngisin-ngisini. Wong omah-omah ngono kudu tumuju marang wirya, arta, lan
winasis sinartan tekun ngibadahe miturut syariat agamane. Wirya iku tegese
kajen alias mempunyai harga diri, kulawargane dipimpin supaya duwe harga diri
ing masyarakat bebrayan agung. Arta tegese wong omah-omah iku kudu duwe dhuwit
sing digoleki kanthi cara nyambut gawe entuk kanthi halal, saengga barokah. Golek
dhuwit aja mlanggar aturane agama lan nagara, awak ora patiya mujur malah dadi
kojur. Winasis iku kepinteran, tansah ngudi marang ngelmu urip, ngelmu agama
lsp. Tekun ngibadahe tansah eling marang sing gawe urip, nyuwun taufik lan
hidayah supaya kulawargane rahayu, raharja, slamet wilujeng.
Anakku penganten sakloron, omah-omah iku nek kepenging bisa wareg,
waras, wutuh, wasis, widada, lan wibawa mula kowe sakloron kudu nyukupi pawon,
anggon-anggon, turon, enggon utawa gupon lank ebon. Pawon tegese cukup pangan,
cukup tegese sing didhadar ora mesti mewah nanging ana gisine, anggon-anggon
tegese cukup sandhangane klebu car arias lan nata awak, ora kudu mabyor-mabyor
nanging sederhana resik rapi endah lan menarik. Menarik iki mligi supaya
suamine terus tertarik marang istrine sanajan wis nganti tuwa tetep isih
tertarik marang garwane dhewe.
Sabanjure kudu nyukupi turon tegese kebutuhan biologis terpenuhi.
Tujuwane wong omah-omah yaiku duwe turun utawa kagungan putra supaya mbesuk
bisa nerusake asmane wong tuwo.
Enggon utawa gupon tegese kudu nyukupi papan panggonan utawa omah.
Alon-alon kudu dirancang kapan bisa duwe omah yasane dhewe, sing gawe saka
jerih payahe wong loro. Omah ora perlu mewah, nanging sehat cukup kanggo
sakulawarga bisa bungah.
Dene sing pungkasan yaiku kebon, tegese kudu bermasyarakat. Supaya
nyukupi kebon, kowe kudu rukun marang rama-lan ibumu dhewe, rukun marang
maratuwamu, lan rukun marang tangga teparo, sarta rukun karo kanca.
Wektune dibagi kanggo nyambut gawe, kanggo silaturahmi/kagiyatan
masyarakat, kanggo nyenengake awake, kanggo sinau utawa golek ngilmu donya
akherat, ben otake ora ketul.
Mung samono anggonku paring pituduh marang sira penganten sakloron.
Ana sing mbok anggep apik tindakana nek sing elek aja mbok nut utawa lalekna.
Para rawuh ingkang minulya, kados naming samanten babaring
wursitawara adedhasar gaduking nalar pangertosan kula. Ambok bilih wonten
klenta-klentunipun atur saha wacana kersa para rawuh sedaya paring pangapunten.
Katur adimas panatacara wekdal saha sasana kula aturaken wangsul.Bilahi taufik
wal hidayah.
Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb
18. Panatacara mungkasin adicara gladhen
Satuhu edi endah tur aji menapa ingkang sampun dipunaturaken dening
sedherek kula bapak Sutaji. Sedaya mugi saged kapetik sari-sarining wewarah
saengga mahanani tumprap penganten kekalih kangge gesang ing bebrayan agung.
Kanthi pangajab mugi tansah manggih kamulyan karaharjan, saha kabagyan.
Para kadang ingkang kula tresnani Dumugi wahyaning mengsakala wus ndungkap titi
purna laksitaning tatacara gladhen ing dinten menika. Wiwit purwa, lajeng madya
dumugi ing wasana sampun kalampahan kanthi wilujeng nir ing sambekala. Sak
lajengipun kasuwun para siswa ingkang sampun purna maraga lenggah wangsul ing
palenggahan sakawit. Mangga.
Namung semanten menggah tatacara gladhen micara ing dinten menika.
Kula ingkang nampi jejibahan minangka panatacara sepisan ngaturaken agengipun
matur nuwun, kaping kalih mbok bilih wonten lepatipunbasa lan sastra, kirang
ing subasita miwah tatakrama kula nyadhong lumunturing samodra pangaksama.
Sugeng gladhen ketrampilan sanesipunb mugi rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalamualaikum Wr.Wb. Nuwun.
BAB III
PANUTUP
A.
Dudutan
1.
Mantu inggih menika kagungan damel ngemah-emahaken putra putrinipun ingkang sampun
diwasa.
2.
Rerangkening tatacara
adat jawa saderengipun mantu inggih menika:
a.
Lamaran
b. Paningset / lambang
kaplika / tukar cincin
3.
Cak-cakaning tatacara wonten ing adat mantu,
inggih menika :
a.
Pambyawara Murwakanthi Lampahing Tatacara
b.
Pranatacara paring wekdal ingkang badhe
wangsulan pandhodhoging kori
c.
Micara dhodhog kori
d.
Pranatacara paring wekdal ingkang badhe
wangsulan pandhodhoging kori saking pihak estri
e.
Micara Atur Wangsulan Pandhodhoging Kori
f.
Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur
pasrah lamaran saking pihak calon penganten kakung.
g.
Micara Atur Pasrah Lamaran
h.
Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur
panampi lamaran saking pihak calon panganten putrid
i.
Micara Nampi Pasrah Lamaran
j.
Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur masrahaken
calon panganten kakung.
k.
Micara Masrahaken Panganten Kakung
l.
Pranatacara paring wekdal ingkang atur nampi
pasrah saking calon panganten kakung.
m.
Micara Nampi Pasrah Penganten Kakung
n.
Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur
pambageharja
o.
Micara Panbageharja
p.
Pranatacara paring wekdal siswa ingkang badhe
atur ular-ular utawi wursita wara
q.
Micara Atur Wursitawara
r.
Panatacara mungkasin adicara gladhen
B.
Piweling
Kangge generasi mudha supados saged mangerteni lan nglestarekaken
adat tradisi jawa, utamanipun adat upacara tatacara mantu ing masyarakat.
Samenika nggadhahi manfaat sanget kagem para tiyang sepuh ingkang badhe gadhah
damel kangge putra-putrinipun.
Saestu sae sanget , nyuwun idi palilah nderek ngopi kagem seserepan kula babagan budaya jawi. Matur nuwun.
BalasHapus